Gang Dolly dan Bu Risma Walikota Surabaya

Gang Dolly dan Bu Risma Walikota Surabaya
Belajar ngidung Jula-Juli Parikan ludruk Jawa Timuran
Aku menbayangkan dalam posisi Bu Risma Walikota Surabaya mengomentari penggusuran Dolly denga cara Ngidung Jula Juli dan parikan.
Simak saja dulur

Jula Juli Gang NDOLY

Naik perahu ditengah lautan .... mencari ikan
Jangan mudah tergoda wajah yang ayu ... Jelek sedikit yang penting gak murahan
Sing Ayu lahir batine

Prahu getek cacahe limo ... Wong ayu opo elek, rasane tetep podo

Ayo dulur brantas kemaksiatan, Kanggo njogo moral generasi masa depan
Mulane perlu ngilangi komplek pelacuran, biso ugo ngurangi tindak kejahatan
Njogo nyebare penyakit berbahaya Aids dan raja singa
Kareben masyarakat kabeh sehat lan sejahtera
Ugo goleke solusi seng sae
Kanggo bekar .. panguripane para lonte

Mulo dulur ... ayu mikir bebarengan
Piye carane kanggo nggolekke penggawean
Supoyo kaben duwe ketrampilan
Ben ojo podo mbalon neng pinggir ndalan


Anak wedok wong ayu ... aja podo niru kuwi
Wegah nyambut gawe abot ... ngenggek neng ndolly
Kari turu mlumah akeh wong lanang antri numpaki
Oleh duwek akeh .. nanging urip gak mbejaji

Klakuan ngono kuwi ora becik akhire
Akeh sing wis kenek  ... Virus HIV
Yen uwis keno Aids angel tambanane
Akhire mung iso ... nunggu modhar e

Wayahe Parikan Cak

Tuku blangkon soko kuto solo
Awake pegel turu neng kloso
Seneng mbalon ketularan rojo singo
Rasane gatel yen pipis loro

Golek sinom taline lawe
Tuku sewek diwehne  mbok e
Isik enom hobbyne nglonte
Mbesuk wis tuwek ... bengkong boyok e

Cekap semanten dolor ... parikan kulo
Menawi lepat .. nyuwun pangapuro.
Sundul

Artikel Terkait



Comments
1 Comments

1 komentar: