Ketua KPK Dan Calon Kapolri

Ketua KPK Dan Calon Kapolri
Ketua KPK Abraham Samad sudah mengumumkan bahwa calon Kapolri Budi Gunawan dijadikan tersangka dalam sebuah kasus. Di media sosial banyak pro kontra dan komentar yang sangat bervariasi.
Biar berbeda ...
Enaknya yo Ngidung Jula Juli ludruk Jawa Timuran
Di terusno #Parikan suka suka.
Monggo Cak Samad NGIDUNG .... 
Cloooroooooooottt

JULA JULI DIMULAI CAK

Banyu kali mili nyang segoro
Foto karo cewek sexy ... malah dadi perkoro
Sing kebacut sing ngedit foto

Neng segoro numpak getek
Aku ra popo terus di elek elek

Mbrantas koropsi terus di lanjutno, amprih tegake hukum-hukum kita
Ora peduli petinggi negara, menowo koropsi kudu di kotak no
Ibu pertiwi kito ben ojo terus di sepelekno
Karo wong serakah sing doyanan duwek negoro
Masyarakat cilik ... mung iso ndedongo
Amprih rancak e njejekke hukum Bangsa

Polisi lan jaksa ... kabeh kudu sing akur
Berantas mafia hukum ... Cekatan lan jujur
Kanggo mbangun ... negara yang luhur
Indonesia Raya bakalan dadi Adil lan Makmur

Sing tak suwun cak ... Hukum ojo digawe dolanan
Tersangka koruptor cepet podo di tahan
Opo maneh, wis ono bukti sing kuwat
Biar penegak hukum semakin tampak hebat

Ora peduli piambake calon kapolri
Wus ono bukti kang kuat
Ndang di tindak lanjuti
Trus golek calon maneh sing tegas lan murni
Kanggo membangun Indonesia Raya dan berdikari

WANCINE PARIKAN CAK

Pohon waru tinggi berdiri
Sukun goreng kanggo cemilan
Nyapo kesusu nganti Kapolri
Pensiune sek pirang-pirang wulan

Iki milon rasane legi
Ono blewah enak rasane
Milih calon kudu setiti
Ojo dupeh cedak si Mbok e   (Ngene iki salahe sopo?)

Karang anyar  Jawa Tengah
Duwe bapak anyak .... kok malah soyo bubrah

Cekap semanten kidungan kulo menawi lepat ....
Nyuwun pangapuro



Sundul

Artikel Terkait



Comments
0 Comments

0 komentar: