Roso Tresno Ojo Nganti Sirno

Roso Tresno Ojo Nganti Sirno

Ora amargo aku ragu marang trisnamu
Opo maneh ora percoyo ketulusanmu
Nanging dalan sing kudu diadepi
Rasane isek adoh banget
Opo sliramu sanggup ngugemi janjimu
Ing tengahing pacoban urip kang abot iki

Sing tak jaluk sliramu terus angugemi janji
Ngadepo cobo abot sing kudu diadepi
Amargo tresno kang nyawiji amargo bedo sing ono
Di ibaratke ombak karo karang ding pesisir segoro
Yen ora iso nyawijekne tekat lan kekarepan
Hamung iso ngrusak se-antarane
Amargo mung manut karepe dewe dewe

Sak jeroning roso trenno kang terus ngrembuyung
Aku njaluk marang sliramu
Mugo dalan sing iseh dowo banget iki
Ora dadi ombak sing ngrusak pesisir samodro
Nanging iso o dadi watu karang sing tetep mantep ing panggonane.
Ora gapuk deneng abote urip
Ora luntur soko udan kang nyiram deres banget
Selawase ... nganti pungkasaning urip

Aku ora mangu marang anteping atimu
Aku tetep percoyo marang ikhlasing penggalihmu
Ananging .... aku mung ngarep arep ananing keajaiban
Tresno iki kejogo nganti ing pati
Tetep ngrembuyung ing tengahing abote pacoban
Kang ora ono entek-e iki
Sundul

Artikel Terkait



Comments
1 Comments

1 komentar:

bian biun said...

ora ilang mas tresnoku marang blog :-)