Aku iki Suket Alang-Alang

Aku Iki Suket Alang-Alang

Awakku ibarate suket alang alang.
Urip neng tengahe lemah garing lan cengkar,
Ora kawater yen ono gambul lan keruwetan
Amargo kadung yakin marang tindak temen
Lan takdir kang kudu dilakoni


Sak jeruning nafas ora ono luh kang tumetes
Katon seneng nanging amung inpening pikiran
Amargo urip tan keno di getuni
Abot lan pahit getire urip
Hamung mesem kang dadi pangarep arep

Aku Iki Suket Alang-Alang
Ngadek ono tengah tengahing keruwetan
Mececer ing puseraning gambul kang gede
Ora ono kang biso ngrubah dalaning urip
Amargo iki amung takdir sing kudu dilakoni

Aku Iki Suket Alang-Alang
Goyang ing lemah garing lan gersang
Senajan ora iso nandingi endahe bintang
Nanging semangat tan oleh ilang
Amargo yakin karo nyanyiane alam
Kesenengan hamung ono ati lan roso
Ora ono ing wujud kang katon mata


Aku Iki Suket Alang-Alang
Berjuang nglakoni urip kang uwis ginaris
Kang cinatet ing kodrating Gusti
Sundul

Artikel Terkait



Comments
0 Comments

0 komentar: